Di sini kami akan menyampaikan informasi-informasi dan memuat berbagai macam cerita dari beberapa sumber yang menurut kami bagus.

Site Info

Senin, 21 Januari 2013

Contoh Teks Pidato Bahasa Jawa Perpisahan



 


               Assalamu’alaikum Wr. Wb.

                Ingkang kula hormati Bapak Kepala Sekolah SMPN 1 Tugu lan Bapak Kepala desa Dermosari.
                Bapak  Ibu guru lan karyawan SMPN 1 Tugu ugi Wali Murid ingkang tansah winengku ing kabagyan.
                Sarta konco” lan adek” sedoyo ingkang kula tresnani.

                Sepindhah monggo kita sedaya ngaturaken puji syukur dumateng Gusti ingkang Maha Agung, ingkang sampun maringaken nikmat kasehatan kagem kita kula lan panjenengan, dados kita saget kempal dhateng acara Perpisahan Kelas IX lan Pentas Seni samenika

               
Para rawuh ingkang minulya,
                Kula siswa kelas IX-E mewakili konco” kelas IX kagem ngaturaken ucapan matur sembah nuwun kagem sedaya Bapak Ibu guru ingkang sampun nggulawantah kula sakanca dangunipun tigang taun ing mriki.Kula sakanca inggih badhe nyuwun pangestuipun supados kula sakonco saget nglebeti sekolahan ingkang sae lan sampun dados tujuan kula sakanca. Ugi supados kula sakanca saget dados tiyang ingkang migunani kagem keluarga,  agama, ugi bangsa lan negara punika. Sejatosipun kula awrat sanget nilaraken sekolahan lan adhek” sedaya.

                Kula inggih gadhah sekedik pesen kagem adhek” kelas VII lan VIII supados ningkataken belajaripun kagem mujudaken cita”nipun ugi dados lare ingkang cerdas. Menawi kula lan konco” kelas IX gadhah lepat, pangapuntene kula suwun. Mugi” tahun pelajaran sateruse saget ningkataken prestasi adhek” sedaya, prestasi kagem sekolahan lan kagem adhek” piyambak.

                Para rawuh ingkang kabagyan
                Cukup semanten saking kula, menawi  anggen kula sakanca kagungan lepat ingkang kathah, kula nyuwun agunge pangapunten dhumateng sedaya kemawon. Kula aturaken sembah nuwun.

                Wassalamu’alaikum Wr. Wb.
Share:

0 komentar:

Posting Komentar

Perhatian :

Dalam berkomentar perhatikan etika dan dengan bahasa yang sopan. Tidak ada unsur pornografi, sara, penghinaan, dsb. Komentar yang tidak pantas akan admin hapus

ADMIN ceritadantipskeren.blogspot.com

Change Language

Bekerja keraslah agar hidupmu tidak sia-sia. Jadilah satu bintang terang diantara beribu bintang. Diberdayakan oleh Blogger.

Histat

Flag Counter

Don't Copy

Protected by Copyscape DMCA Takedown Notice Search Tool

..

Arsip Blog

Blogger templates