Di sini kami akan menyampaikan informasi-informasi dan memuat berbagai macam cerita dari beberapa sumber yang menurut kami bagus.

Site Info

Sabtu, 16 Februari 2013

Naskah Drama Bahasa Jawa tentang kehidupan sehari-hari


hhuuuhhh,, capek banget dengan tugas tugas dan tugas di kelas 3.... ya memang itulah cobaan, tapi jangan khawatir untuk tugas Drama Bahasa Jawa maka akan saya bantu sedikit, hehehe
yookk mari ke KTP



Ing sawijining dina, ana keluarga kang urip tentrem. Nanging anak-anake padha nakal lan angel di atur. Ing kene bapake kang dudha lagi bingung mikirne anake amarga nggae masalah kang nyusahake wong tuwo.

Bapak                    : (Metu saka njero omah) Mbah, sore-sore ngeten niki penake ten napa ?
Mbah Kakung    : Yo kene lungguh crita-crita ae. Lha iki maeng anak-anakmu nyandi ?
Bapak                    : Duka nika wau ten pundi. (Melu lungguh ing sandinge mbah)
Mbah Kakung    : Yo jenenge bocah, lek ora dolan yo turu.
Bapak                    : Lha nggih miki kula mumet mikirne bocah kok pecicilan. Saben dina ora gelem ngrewangi bapake resik-resik omah.
Mbah Kakung    : Hmm... sabar ae, dikandani thithik-thithik yo iso brubah. (Karo mesem)
Bapak                    : Heh.... nggih mpun mbah, kula adus rumiyin. (Mlebu ing njero omah)

Mara-mara sing diomongne teka. Ing awake akeh kringet amarga tas dolan lan bal-balan.

Kakang                 : Yes maeng menang !
Adik                       : Ojo marem, engko lek kalah nesu.
Kakang                 : Kowe ngenyek opo piye ?
Adik                       : Hehehe, ora mas.
Mbah Kakung    : Uwis-uwis, ngono ae kok yo udur-uduran. Teka endi kowe maeng ?
Adik                       : Halah biasa mbah, wong enom yo ngene iki.
Mbah Kakung    : Weh-weh, lekas ndugal kowe le ?
Kakang                 : Ndugal pripun lho mbah ?
Mbah Kakung    : Yo adikmu kuwi lekas ora sopan karo mbahe.
Adik                       : Nggih mbah, kula nyuwun ngapunten. (Ngambung tangane mbah)
Mbah Kakung    : Yo penting ojo dibaleni. Yo uwis, mbah arep leyeh-leyeh disek. Ndang adus kono.
Kakang                 : Nggih mbah. (Mlebu njero omah ditututi adike)

Sawise kuwi, bapak karo mbah kakung ngrembug kepriye supaya bocah loro kuwi sikape berubah. Banjur mbah kakung nduwe ide  supaya digawa neng panggone panti asuhan. Sesuke ngono bapak karo anake budal menyang panti asuhan, nanging anak-anake ora ngerti arep diajak menyang endi.

Bapak                    : Mbah, lare-lare budal rumiyin. Mbah ten nggriya mawon. (Ngelus-ngelus pundake mbah)
Mbah Kakung    : Yo wong tuwo ngene iki arep piye eneh, arep nyandi-nyandi uwis ora kuat. Ati-ati.
Bapak                    : Nggih mbah, nika wau ten nglebet wonten sekul kalih sop-sopan menawi ajeng dhahar.
Anak-anak          : Paaakk, ndang to arep nyandi iki. (Bengok-bengok ing njaba omah)
Mbah Kakung    : Alah le, ojo bengak bengok. Kupinge mbah karo bapak yo sek normal lho.
Bapak                    : Mboten napa-napa mbah, mangke nggih sadar piyambak.

Banjur bapak lan anak-anake budal menyang panti asuhan. Neng kono akeh bocah-bocah kang kekurangan lan cacat.

Bapak                    : Le, bapak maeng ngajak rene ben kowe sadar karo kelakuanmu.
Kakang                 : Kelakuan piye to, Pak ?
Bapak                    : Yo contone ae caramu ngomong karo bapak ora sopan.
Adik                       : Lha kanca-kancaku nggih ngoten ta, Pak.
Bapak                    : Le, kabeh ki aja manut kanca. Kanca diconto sing apik ae. Ngono kae deloken bocah ora nduwe wong tuwa. Lek kowe ngono, piye le kiro-kiro ? (nduding salah siji bocah ing panti asuhan)
Kakang                 : Nggih ngapunten, Pak. Kula kalih adik kathah salah kalih panjenengan lan mbah.
Bapak                    : Yo uwis, bapak pengen kowe kabeh berubah, dadi wong kang becik. Kowe kabeh rak yo wes gedhe ta ?
Adik                       : Nggih, Pak.
Bapak                    : Lha iyo, mulai sak iki sadaro to le, ndak mesakne bapak karo mbah ta ?
Anak                      : Nggih, Pak. Kula janji bakal berubah.

Sawise kadadean kuwi, bocah loro dadi bocah kang becik ati lan perilakune. Saben dina ngewangi bapake resik-resik omah, kadang-kadang nggae opo ae kang iso dadi duit  karo bantuan mbah kakunge.

Share:

0 komentar:

Posting Komentar

Perhatian :

Dalam berkomentar perhatikan etika dan dengan bahasa yang sopan. Tidak ada unsur pornografi, sara, penghinaan, dsb. Komentar yang tidak pantas akan admin hapus

ADMIN ceritadantipskeren.blogspot.com

Change Language

Bekerja keraslah agar hidupmu tidak sia-sia. Jadilah satu bintang terang diantara beribu bintang. Diberdayakan oleh Blogger.

Histat

Flag Counter

Don't Copy

Protected by Copyscape DMCA Takedown Notice Search Tool

..

Arsip Blog

Blogger templates